Latest news

Insya Allah kita akan mengadakan Reuni Akbar di tahun 2009. Jangan sampai ketinggalan acara yg akan HEBOH itu dg mendaftar pada : Dora 085214812345, Etty 081321298399, Wiwied 081227371071 dan Faiz 081231179505.

Tips & Trik Menolak Pelamar Kerja

Rabu, 12 November 2008

Alkisah disebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, Djowo Dwipo terpaksa melakukan beberapa tes wawancara untuk "tidak*" menerima calon karyawan baru, tentu saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yang nDaksempurna).

NB: Bagi yang tidak mengerti bahasa jawa, bisa buka kamus bahasa sansekerta bab pitu jilid telu :-)

Wawancara dengan Pelamar (1)

G : Kowe nduwe omah opo ora.....?

a : dereng....

G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene

a : Lho kok ngaten...... ..?

G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan

a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih

G : Yo malah ora ketompo

a : Lho kok ngaten.....?

G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae

Wawancara dengan Pelamar (2)

G : Kowe nduwe motor opo ora....?

b : Mboten

G : Ora ketompo

b : Lho kok mboten ketompo ?

G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit

b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki

G : Wah malah ra ketompo....

b : lho kok ngoten

G : Tempat parkire wis ra cukup

Wawancara dengan Pelamar (3)

G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?

c : sampun pak....

G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah

c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi

G : Malah ora ketompo.....

c : Lho kados pundi to....

G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék Kerjo neng perusahaan liyo

Wawancara dengan Pelamar (4)

G : Kowé seneng guyon opo ora

d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé

G : Ra ketompo.....

d : waa......kok ngoten?

G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress

d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon

G : Malah ora ketompo

d : Lho kok......

G : Engko kowé mung email emailan sing lucu.......

Wawancara dengan Pelamar (5)

G : Kowé mau mréné numpak opo ?

e : Nitih mobil

G : Kowé ora ketompo

e : Sebabipun ?

G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus

e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok

G : Tambah ora ketompo

e : Lho, lha kok ... ?

G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi!

Wawancara dengan Pelamar (6)

G : Anakmu akèh opo sithik ?

f : Kathah pak

G : Kowé ora ketompo

f : Sebabipun ?

G : Nyambut gawemu ora konsen, mung mikir gawe uanaaaaaak terus

f : Lha wong namung anak adopsi, kok

G : Tambah ora ketompo

f : Lho, lha kok ... ?

G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé

Wawancara dengan Pelamar (7)

G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?

h : Dèrèng

G : Kowé ora ketompo

h : Sebabipun ?

G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?

h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok

G : Tambah ora ketompo

h : Lho, lha kok ... ?

G : Kowé rak mung arep keminter, to ?

Wawancara dengan Pelamar (8)

G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung

k : Dèrèng

G : Kowé ora ketompo

k : Sebabipun ?

G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?

k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok

G : Tambah ora ketompo

k : Lho, lha kok ... ?

G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

Wawancara dengan Pelamar (9)

G : Kowé kerep loro ?

m : Mboten

G : Kowé ora ketompo

m : Sebabipun ?

G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering

m : Wah, sakjanipun nggih asring

G : Tambah ora ketompo

m : Lho, lha kok ... ?

G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren

Wawancara dengan Pelamar (10)

G : Kowé biso main Internét ?

n : mBoten

G : Kowé ora ketompo

n : Sebabipun ?

G : Perusahaan ora nompo Buta Internet

n : Wah, sakjanipun nggih saged

G : Tambah ora ketompo

n : Lho, lha kok ... ?

G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to ? Ngenték-entekké pulsa !

Wawancara dengan Pelamar (11)

G : Kowe waras opo ora?

o : Lha, kulo nggih waras to Pak.

G : Ra ketompo..... ..

o : Kenging nopo ......?

G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.

o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.

G : Malah ra ketompo..... .

o : Pripun to niki....?

G : Mengko aku duwe saingan..... .....

o : &^%$$###@@!!! !!!!!XYW* *&&^ (gubrak)

:))

Diposting oleh Faiz di 13.25  
0 komentar

Posting Komentar